11 September 2016

tugas nyerat fiksi jawi asal-usul papan



Carios Asal-usul Dusun Gejayan

Rikala jaman rumiyin wonten salah satunggaling papan ingkang alit, warganipun urip ayem tentrem. Sedinten dinten kathahipun gadhah padamelan garap saben, wonten ingkang srabutan, wonten ugi ingkang pados pangan wonten alas. Kanthi sedaya wau warganipun malah saged jaya lan urip kacukupan. Malah asil panenipun saget dipunkirim wonten desa  sanesipun. Sedayanipun urip kanthi rukun, amargi wonten papan punika gadhah pemimpin ingkang sae tumindakipun lan piyambakipun dados panutan sedaya warga ing papan punika, asmanipun Pak Bawa. Menawi wonten perkara menika dipunrampungaken kanthi dalan musawarah. Sedayanipun remen kaliyan Pak Bawa.

Wonten sawijining dina Pak Bawa gadhah keperluan tindak wonten papan sebrang lepen. Jarakipun lumayan tebih. Sak sampunipun pamit kaliyan warga lajeng Pak Bawa tindak kanthi mlampah. Senadyan piyambakipun pemimpin ananging dheweke boten seneng dikawal. Wonten setengah dalan lampahipun mandheg. Amargi ujug-ujung wonten tiyang estri marani Pak Bawa sambi nangis. “ Lhoh sampeyan kenging menapa, Ndhuk? “, Pak Bawa tanglet kanthi gumun. “ kula minggat saking ngomah, Pak. Kula sampun boten betah wonten ngomah, Bapak kula ajeng njodohke kula kaliyan tiyang ingkang boten kula tresnani,” dhewekipun wangsulan sambi sesenggukan.

Amargi boten tega kaliyan tiyang estri menika Pak Bawa lajeng ngrungokke ceritanipun, saking wiwit ngantos pungkasan dhewekipun saget lunga saka omah. Pak Bawa menika malah kesupen menawi ajeng tindak wonten sebrang lepen. Pak bawa malah seneng kaliyan tiyang estri menika kang asmaipun Dewi Prita. Suwe ing suwe kekalihipun malah rabi lan mapan wonten setunggal alas kang boten gadhah tangga sedherek. Pak bawa boten gagas malih kaliyan warganipun ingkang ditinggal rikala rumiyin.

Lajeng kahanan wonten papan ingkang ditinggal Pak Bawa, warganipun sami bingung madosi Pak Bawa. Uripipun sampun boten tentrem malih. Sakmenika saben asring ngalami gagal panen. Sampun boten jaya malih. Pungkasanipun warga menika madosi Pak Bawa ngantos ketemu supados saget mbalekke kejayaan beras kalawau. Ananging boten gampang nemokke Pak Bawa menika. Suwe ing suwe para warga menika sampun mutung anggenipn madosi Pak Bawa.

Warga menika nandur pari kanthi sak anane, merga katekunan lan keuletan para warga menika asilipun panen inggih saget sae kaya rumiyin lan saget nyekapi kebutuhan urip sedinten-dinten. Lan papan punika saget jaya malih kaya jaman rumiyin. Para warga boten langsung nyerah menawi dipuntinggal Pak Bawa. Sedayanipun tetep nglampahi urip kanthi greget. Pungkasanipun papan punika saget mbangsulaken kejayaan sedaya warganipun. Lajeng papan punika dipunparingi nama Dusun Kejayaan. Wonten perkembangan jaman nama Kejayaan sampun gantos tembung dados Gejayaan. Malah kathah ingkang nyebut Gejayan.

Gejayaan menika mapan wonten kalurahan Girirejo, kecamatan Imogiri. Ngantos sakmenika Gejayan menika wonten sekawan RT lan kalih RW. Senadyan dusunipun alit ananging warga wonten mriki urip kanthi ayem tentrem. Sakmenika carios asal-usul Dusun Gejayan.

tugas nyerat fiksi jawi tegesipun nama kula


Tegesipun Nama Kula, Alis Ariyanti

Saestunipun kula asring bingung menawi dipuntangleti bab tegesipun nama kula, amargi menawi kula nyuwun pirsa bapak kula, piyambakipun ngendika menawi "alis" menika wonten cekakanipun, ananging bapak kula kesupen. Ingkang cetha inggih menika hurup "a" menika cekakan saking tembung April, amargi kula lair wonten wulan April. Lajeng "lis" menika miturut kula piyambak (amargi bapak kula kesupen ) amargi rumiyin kula lairipun gelis/lancar utawi boten angel.

Menawi "ariyanti" menika tegesipun pangajab. Kaliyan amargi kakang-kakang kula inggih wonten tembung "ari" nipun. Kakang sepisan inggih menika asmanipun Dariyanto, ingkang angka kalih Ari Fianto, lajeng kula piyambak Alis Ariyanti. Pungkasanipun amargi nama menika kalebet donga, tegesipun ariyanti menika supados kula saged dados menapa kemawon ingkang dados pangajabipun tiyang sepuh kula.