Uwit kamboja
Tak sawang sliramu
Tansah agawe tentrem atiku
Kembangmu nambahi kabagyan urip iki
Srengenge kang nyunar ana awakmu
Kupu kang maneka warna
Mencok ana kembangmu
Apa kowe ora kesel ta?
Saben dina agawe endahing papan iki
Sanadyan panas, abot, keju
Awakmu katon kiat ngadhepi kuwi kabeh
Apa kowe ora jeleh ta?
Saben dina ethok-ethok seneng terus
Kamangka awakmu kuwi uwis ana sing cidra
garing
Tansah aku kudu niru awakmu
Senadyan njerone katon abot
Nanging njabane tetep sumringah
Banyu, salah siji sumber pagesanganmu
Muga-muga tetep bisa ngalir
Nguripi sliramu
Aja jeleh lan tetep agawe meseme lathiku
Kanthi kaendahanmu