29 Desember 2016

reportase budaya



tugas reportase budaya
nama kelompok:
1, Rini Tyas Utami (15205241023)
2. Alis Ariyanti (15205241030)

PBD A 2015



TRADHISI MUNGGAH MOLO

Tradhisi wonten ing masyarakat Indonesia menika wonten kathah, wonten tradhisi sekaten, tradhisi ngundhuh mantu, tradhisi munggah molo, lan sanes-sanesipun. Salah satunggaling tradhisi wonten Jawi inggih menika tradhisi munggah molo. Munggah molo inggih menika tradhisi masyarakat jawa kuno, nalika ndamel omah, sakderengipun dipunpasangi gendheng.

Munggah molo yaiku upacara tradhisional supados pikantuk kaslametan saha kasejahteraan. Munggah molo menika tradhisi ingkang simbolik, proses saha pirantinipun gadhah teges saha pangajab wonten simbol-simbol.Munggah molo wonten ingkang nyebut tradhisi menika unggah-unggah molo, wonten ugi ingkang nyebut unjuk-unjuk molo. Beda daerah inggih beda naminipun ananging gadhah teges ingkang sami.

Masyarakat ingkang percaya kaliyan tradhisi menika taksih nglampahken dumugi sakmenika. Tuladhanipun Ibu Sagiyem (57 taun) ingkang manggen wonten Dusun Gejayan, Girirejo, Imogiri, Bantul. Dinten Jemuwah, 9 Desember 2016 munggah molo dipunlampahaken. Ibu sagiyem menika saestunipun nglampahi tradhisi menika kangge putranipun ingkang nembe ndamel griya enggal. Ancasipun supados slamet sedayanaipun, supados griyanipun mboten wonte alangan setunggal punapa nalikanipun ndamel, supados griyanipun berkah. Munggah molo dipunlampahkaen dinten Jemuwah, amargi miturut Ibu Sagiyem dinten Jemuwah menika dinten ingkang sae, saha ngepasi pas mboten jawah.

Prosesi munggah molo ingkang sepisan inggih menika ndamel slametan ingkang awujud sega gudhangan (among-among),saha nyepakakenuba rampe sanesipun kayata kembang, jajanan pasar, dhuwit,gedhang setangkep ( raja kaliyan pulut) lan sanesipun.

 

Saklajengipun menawi sampun cumawis lajeng dhaharan kalawau dipundongani  dening mbah kaum wonten desa Gejayan punika, naminipun Bapak Muji Isndari (60 taun). Proses i donga punika nglibataken kaluwarga Ibu Sagiyem supados kathah ingkang ndherek ndonga. 





Saksampunipun proses ndonga rampung, lajeng dhaharan sega gudhangan kalawau dipunbagekaken dhateng tangga tepalihipun Ibu Sagiyem. Lajeng molonipun sakderengipun dipasang, dipunkumbah rumiyin, amargi miturut kepercayaan jawi molo menika dipunanggep barang ingkang sakral, dipunlungguhi mawon boten angsal.Dipunkumbah supados saged jejeg, pengkuh molonipun, mitutut ngendikanipun Ibu Sagiyem. Kembang ingkang kalawau dipundongani lajeng dipundeleh wonten pinggir lawang wonten griya ingkang enggal supados ingkang liwat slamet. Saksampunipun molo dipunkumbah lajeng dipunpasang dening pak tukang wanci jam 11 siang.

  
Tegesipun simol-simbol wonten uba rampe miturut Ibu Sagiyem : dhuwit 2000 wonten among-among menika kangge ingkang ngemong (roh/leluhur nenek moyang) menawi  upaminipun uba rampe taksih kirang supados saged tumbas piyambak. Gedhang setangkep, sakjodho supados saged nyawiji kerukunan wonten kaluwarganipun. Kembang among supados ingkang ngemong ugi saged ayem tenrem.

Intinipun ngawontenaken slametan punika supados saged slamet sedayanipun, ingkang nyambut damel supados boten wonten alangan. Ancas sanesipun slametan punika kangge ndongakke roh/leluhur supados dipunparingi pangapura, saha dhateng kaluwarga supados saged urip ayem tentrem, boten wonten godha. Amanat dhateng kita sedaya ngawontenaken tradhisi slametan menika supados saged mensyukuri nikmat Allah, senajan tradhisi menika saking nenek moyang ananging ngemot nilai-nilai agama ingkang boten nyimpang saking akidah.