23 Oktober 2016

revisi cerkak pengalaman



Menyang Sala Numpak Sepur

Pas dina Setu awan aku diparani  kancaku, wonge omong nek sesuk Minggu arep dolan. Wonge ngajak aku, jarene arep menyang Sala. Wonge le ngajak ndadak, dadine aku durung ngeyohi.

“ Sik ya, tak mikir-mikir dhisik , masalahe dhuwite barang je “

“ Alah, ayo ta.. pisan-pisan metu Jogja, Lis “.

“ Iya sih, ya mengko njajal tak nembung bapak dhisik ya , lha sapa wae sik melu? “.

“ Ya cah-cah sik biasane kae, cah papat “.

“ Oalah yaa.. mengko tak kabari meneh, lha arep numpak apa?”

“ Sepur wae, murah kok gur wolung ewu “.

“ Wehh, iya pa, gene murah tak kira larang je “ aku kaget.

“ Murah lah, ya wis aku yak bali dhisik mengko bbm aku wae ya “, kancaku banjur mulih.

Wonge banjur mulih.. Sakjane aku isih bingung le nembung karo bapak. Alon-alon aku nembung. Aku ditakoni karo sapa wae le dolan, terus motore kepiye. Aku njawab nek aku lunga karo kanca-kanca SD ku cah papat. Pisananane aku ra diijinke, bola-bali nembung akhire aku diolehke, sarate aku kudu diampiri.

Akhire isuk isuk Minggu, 31 Januari 2016, aku diampiri kanca-kancaku. Mangkat seka ngomah jam 6 nuju Stasiun Lempuyangan. Tekan kana kira-kira jam pitu kurang. Aku sakanca langsung nuju tumbas tiket. Golek sik  jam e paling cerak ora usah nunggu. Akhire oleh sik jam 9. Gelem ra gelem akhire aku nunggu tekan jam semono. Sepure sepur prameks sik murah yaiku namung  wolung ewu.

“ Wah piye iki anane sik jam 9 je, sik jam 7 lagi wae mangkat, ora papa ya ?”

“ Yaa piye meneh, alah ora ngapa-ngapa, mengko tinggal omong-omongan rak ngerti-ngerti jam 9 “, aku mangsuli.

Akhire wektu kang ditunggu-tunggu teka. Aku sakanca langsung mlebu sepur jurusan Jogja-Sala. Golek papan sing penak langsung thenguk. Aku sakanca seneng rasane, merga lagi pisan kui ngrasakke numpak sepur, aku ndelok pemandangan seka cendhela, poto-poto, nyanyi-nyanyi, ngobrol. Pas lagi ngobrol ana ibuk-ibuk sing ora oleh thengukan. Banjur kancaku geser supaya ibuk-ibuk mau isa thenguk. “ Sumangga Buk, lengah mriki “. “ Oo nggih, nuwun Ndhuk “ Ibuke mau sopan, gapyak, sumeh, turut ndalan aku sakanca padha guneman karo ibuk-ibuk mau. Ananging ora suwe amarga ibuke mau medhun neng Stasiun Purwosari, udu Balapan.

“ Wis ya Ndhuk,nuwun sedurunge, aku arep medhun Purwosari, mugi-mugi saged kepangih malih liya wektu”, ibuke mau pamitan.

“ Inggih ibuk, sami-sami, mugi-mugi saged kepanggih liya wektu”, aku sakanca mangsuli. Banjur aku sakanca salaman kari ibuk-ibuk mau. Sepure mandheg ngedhunke penumpang sing medhun neng Stasiun Purwosari. Banjur lanjut mlaku meneh nuju Stasiun Balapan.

Kurang luwih jam 10 aku sakanca tekan Stasiun Balapan . Langsung medhun seka sepur, bingung. Ameh neng ngendi. Merga mau ora diplanning papan tujuan sing arep ditekani. Sakliyane kuwi dhuwit sangune padha terbatas.  “ Alah ayo dipikir karo mlaku, sing penting yakin, haha “, kui prinsipe  kanca-kancaku. Ya uwis aku ngetutke wae. Banjur mlaku metu stasiun. Arep numpak bis jarene kok larang, numpak becak ya larang. Akhire takon karo bapak-bapak tukang becak papan wisata sing terkenal neng Sala ngendi wae. Bapak mau menehi pilihan papan-papane, ana Taman Balekambang, Klewer, Paragon Kraton Solo, lan akeh papan wisata liyane. Banjur aku sakanca milih sik cedhak sikek seka Stasiun Balapan yaiku Taman Balekambang, kira-kira 2,5 km aku sakanca mlaku. Modal GPS nuju Taman Balekambang. Neng ndalan alon-alon, nek kira-kira kesel ya padha leren dhisik. Karo nyanyi-nyanyi ora jelas, panas-panas, adoh, ananging padha semangat kabeh. Rapapa, kena dinggo pengalaman, jare kanca-kancaku.

Tekan taman Balekambang kira-kira jam 11. Neng kana wujude taman, akeh sik dodol, won ana kidang sik bebas berkeliaran, kidange jinak. Papane sejuk, asri, katon resik. Aku sakanca lungguh ana papan ngisor wit, poto-poto, jajan, leren. Tuku tahu karo es teh, le tuku nganggo dhuwit bareng-bareng, urunan. Sakwise leren lan wis mari kesele lanjut neng papan wisata liyane. Amarga wis rakuat mlaku meneh akhire seka Taman Balekambang nuju stasiun genti numpak becak. “ Ayo numpak becak wae, wis rakuat mlaku meneh aku, hehe. Mengko dinyang wae nek larang. “ kancaku omong. Akhire oleh bapak-bapak sing gelem , sak becak dinggo wong papat, pangku-pangkuan, mbayare selawe ewu. Turut dalan ya mik ngguya-ngguyu ngampet keju kae. Lha sak becak je dinggo wong papat.

Tekan stasiun Balapan isih awan, akhire aku sakanca golek papan wisata liyane,” Mosok yahmene mulih, mbok sisanke nendi ngono, mumpung neng Sala iki lho” jare kancaku. Akhire aku sakanca nuju Kraton Solo, gelem ra gelem kudu numpak becak wong papane adoh. Nek numpak bis mundhak gur diubeng-ubengke dhisik. Tekan kraton kira-kira jam 2, nanging pas wis entek jam kunjunge. Dadi aku sakanca namung sedhilit mlebu kraton. Sakwise kuwi baline mlaku mubeng-mubeng dhisik neng Pasar Klewer karo paragon sing sejalur. Ananging namung ndelok-ndelok ora tumbas. Sakwise jeleh langsung bali nuju Stasiun Balapan numpak becak meneh.

Tekan stasiun kira-kira jam  setengah 5.Langsung nuju loket tumbas tiket, untunge oleh sik jam 5, dadi ora nunggu suwe. Neng ndalan nuju stasiun lempuyangan pas maghrib, wis padha kesel, dadi namung padha merem. Ngerti ngerti tekan lempuyangan. Senajan kesel nanging seneng. Kuwi mau pengalamanku tekan Solo kang pisanan, lan pengalaman numpak sepur kang pisanan uga. Rasane ra bakal tak lalekke kabeh kuwi, seneng banget pokoke. “ Sesuk kapan-kapan meneh yaa, nendi genti ngono, ning nglumpukke dhuwit dhisik, direncana sing mateng, ndhak mik kaya mau, radhong kabeh wkwk “, kancaku ngandhani karo ngguya-ngguyu kae. Banjur aku mangsuli, “ lhaiya kowe kuwi barang, oke sesuk lahh gampang sing penting yakin “. Kabeh padha ngguyu.

16 Oktober 2016

cerkak pengalaman pribadiku



Pengalaman  Menyang Solo Numpak Sepur

Pas dina Setu aku di bbm kanca SD ku, wonge ngejak dolan. Wonge dadakan le ngajak, arep dolan Solo numpak sepur jarene. Aku kaget nanging aku melu wae wong soale aku ya durung tau neng Solo, lan durung tau numpak sepur. Sakjane aku isih bingung le nembung kaliyan bapak. Alon-alon aku nembung. Aku ditakoni karo sapa wae le dolan, terus motore kepiye. Aku njawab nek aku lunga karo kanca-kanca SD ku cah papat menyang Solo. Akhire aku diolehke, sarate aku kudu diampiri.

Akhire isuk isuk Minggu, 31 Januari 2016, aku diampiri kanca-kancaku. Mangkat seka ngomah jam 6 nuju Stasiun Lempuyangan. Tekan kana kira-kira jam pitu kurang. Aku sakanca langsung nuju tumbas tiket. Golek sik  jam e paling cerak ora usah nunggu. Akhire oleh sik jam 9. Gelem ra gelem akhire aku nunggu tekan jam semono. Sepure sepur prameks sik murah yaiku namung  wolong ewu.
Akhire wektu kang ditunggu-tunggu teka. Aku sakanca langsung mlebu sepur jurusan Stasiun Balapan. Golek papan sing penak langsung thenguk. Aku sakanca seneng rasane, ndelok pemandangan seka cendhela, poto-poto, nyanyi-nyanyi, ngobrol. Pas lagi ngobrol ana ibuk-ibuk boten angsal thengukan. Lajeng kanca kula geser supaya ibuk-ibuk mau saged thenguk. Ibuke mau sopan, gapyak, turut ndalan aku sakanca padha guneman kaliyan ibuk-ibuk mau. Ananging boten suwe amargi ibuke mau medhun neng Stasiun Purwosari, udu Balapan.

Kirang luwih jam 10 aku sakanca tekan Balapan langsung metu seka stasiun, bingung. Ameh neng ngendi. Amargi mau boten diplanning papan tujuan sing arep ditekani. Sakliyane niku dhuwit sangune padha limit. Arep numpak bis kok larang, numpak becak uga larang. Akhire modal nekat aku sakanca mlaku sak laku-lakune. Takon kaliyan bapak-bapak tukang becak papan wisata sing terkenal neng Solo. Bapak mau maringi pilihan wonten Taman Balekambang, Klewer, Kraton Solo, lan kathah papan wisata sanesipun. Lajeng kula sakanca milih sik cedhak sikek seka Stasiun Balapan yaiku Taman Balekambang, kira-kira 2,5 km aku sakanca mlaku modal GPS nuju Taman Balekambang. Panas-panas, adoh, ananging padha semangat kabeh. Rapapa, kena dinggo pengalaman, jare kanca-kancaku.

Tekan taman Balekambang kira-kira jam 11. Neng kana wujudipun taman, kathah kang sadeyan, wonten kidang sik bebas berkeliaran, kidange jinak. Papane sejuk, asri, katon resik. Aku sakanca lungguh wonten papan ngisor wit, poto-poto, jajan, leren. Sakwise leren lan wis mari kesele lanjut neng papan wisata liyane. Amargi wis rakuat mlaku meneh akhire seka Taman Balekambang nuju stasiun genti numpak becak. “ ayo numpak becak wae, wis rakuat mlaku meneh aku, hehe. Mengko dinyang wae nek larang. “ kancaku omong. Akhire oleh bapak-bapak sing gelem , sak becak dinggo wong papat, pangku-pangkuan, mbayare selawe ewu.

Tekan stasiun Balapan isih awan, akhire aku sakanca golek papan wisata liyane,” mosok yahene mulih, mbok sisanke nendi ngono, mumpung neng Solo iki lho” jare kancaku. Akhire aku sakanca nuju Kraton Solo, gelem ra gelem kudu numpak becak wong adoh. Nek numpak bis ndak diubeng-ubengke dhisik. Tekan kraton kira-kira jam 2, nanging pas wis entek jam kunjunge. Dadi aku sakanca namung sedhilit mlebu kraton menika. Baline mlaku mubeng-mubeng dhisik neng pasar klewer, paragon. Ananging namung ndelok-ndelok boten tumbas. Sakwise jeleh langsung bali nuju Stasiun Balapan numpak becak meneh. Tekan stasiun kira-kira jam  setengah 5.

Langsung nuju loket tumbas tiket, untunge oleh sik jam 5, dadi ora nunggu suwe. Neng ndalan nuju stasiun lempuyangan pas maghrib, wis padha kesel, dadi namung padha merem. Ngerti ngerti tekan lempuyangan. Senajan kesel nanging seneng. Kuwi mau pengalamanku tekan Solo kang pisanan, lan pengalaman numpak sepur kang pisanan ugi. Rasane ra bakal tak lalekke kabeh kuwi, seneng banget pokoke.

7 Oktober 2016

jinis jinis menulis

1. Ekspresif
Inggih menika nulis pribadi lan emosional, tanpa nggatosaken bentuk utawi konvensi penulisan kadosta ejaan, tanda baca, aturan tulis. Basa ingkang dipunagem inggih menika basa nonformal, utawi ngagem basanipun piyambak lan tulisan menapa kemawaon ingkang pengin dipuntulis. Ancasipun kangge ngungkapke pikiran utawi uneg-uneg.
tuladha:
Nulis buku diari

Cerita Pengalaman Pribadi Bahasa Jawa Plesiran Bareng Keluarga

sumber:http://www.sesorah.com/2015/08/cerita-pengalaman-pribadi-bahasa-jawa.html

2. Informatif
Inggih menika nulis ingkang gadhah sasaran ngandharaken informasi dhateng tiyang sanes bab salah satunggaling kadadosan utawi prastawa.
tuladha: nulis pawarta

sumber: http://kumpulanceritabahasajawa.blogspot.co.id/2015/11/berita-pesawat-rusia-jatuh-dalam-bahasa-jawa.html

3. Estetis
inggih menika tulisan kang isinipun kaendahan lan katahipun raos seni.
tuladha: geguritan

sumber:http://alwib.net/geguritan-bahasa-jawa/ 

4. Argumentatif
Inggih menika tulisan ingkang gadhah ancas kangge mempengaruhi kaliyan meyakinkan pembaca supados ingkang maos saged percaya lan saged nampa menapa ingkang dipuntulis.
tuladha: Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga keracunan utawa kacilakan.....

sumber:http://corojowo.blogspot.co.id/2010/08/nulis-wacana-argumentasi-lan-persuasi.html

 5. Persusasif
Inggih menika tulisan kang isinipun alesan lan bukti utawi fakta kangge ngajak utawi menghimbau dhateng tiyang sanes supados ingkang maos saged nglakoni menapa ingkang dipuntulis panyerat.
tuladha: Babaya Ngrokok

sumber:http://harni-friendster.blogspot.co.id/2015/04/contoh-paragraf-persuasi-bahasa-jawa.html