16 Oktober 2016

cerkak pengalaman pribadiku



Pengalaman  Menyang Solo Numpak Sepur

Pas dina Setu aku di bbm kanca SD ku, wonge ngejak dolan. Wonge dadakan le ngajak, arep dolan Solo numpak sepur jarene. Aku kaget nanging aku melu wae wong soale aku ya durung tau neng Solo, lan durung tau numpak sepur. Sakjane aku isih bingung le nembung kaliyan bapak. Alon-alon aku nembung. Aku ditakoni karo sapa wae le dolan, terus motore kepiye. Aku njawab nek aku lunga karo kanca-kanca SD ku cah papat menyang Solo. Akhire aku diolehke, sarate aku kudu diampiri.

Akhire isuk isuk Minggu, 31 Januari 2016, aku diampiri kanca-kancaku. Mangkat seka ngomah jam 6 nuju Stasiun Lempuyangan. Tekan kana kira-kira jam pitu kurang. Aku sakanca langsung nuju tumbas tiket. Golek sik  jam e paling cerak ora usah nunggu. Akhire oleh sik jam 9. Gelem ra gelem akhire aku nunggu tekan jam semono. Sepure sepur prameks sik murah yaiku namung  wolong ewu.
Akhire wektu kang ditunggu-tunggu teka. Aku sakanca langsung mlebu sepur jurusan Stasiun Balapan. Golek papan sing penak langsung thenguk. Aku sakanca seneng rasane, ndelok pemandangan seka cendhela, poto-poto, nyanyi-nyanyi, ngobrol. Pas lagi ngobrol ana ibuk-ibuk boten angsal thengukan. Lajeng kanca kula geser supaya ibuk-ibuk mau saged thenguk. Ibuke mau sopan, gapyak, turut ndalan aku sakanca padha guneman kaliyan ibuk-ibuk mau. Ananging boten suwe amargi ibuke mau medhun neng Stasiun Purwosari, udu Balapan.

Kirang luwih jam 10 aku sakanca tekan Balapan langsung metu seka stasiun, bingung. Ameh neng ngendi. Amargi mau boten diplanning papan tujuan sing arep ditekani. Sakliyane niku dhuwit sangune padha limit. Arep numpak bis kok larang, numpak becak uga larang. Akhire modal nekat aku sakanca mlaku sak laku-lakune. Takon kaliyan bapak-bapak tukang becak papan wisata sing terkenal neng Solo. Bapak mau maringi pilihan wonten Taman Balekambang, Klewer, Kraton Solo, lan kathah papan wisata sanesipun. Lajeng kula sakanca milih sik cedhak sikek seka Stasiun Balapan yaiku Taman Balekambang, kira-kira 2,5 km aku sakanca mlaku modal GPS nuju Taman Balekambang. Panas-panas, adoh, ananging padha semangat kabeh. Rapapa, kena dinggo pengalaman, jare kanca-kancaku.

Tekan taman Balekambang kira-kira jam 11. Neng kana wujudipun taman, kathah kang sadeyan, wonten kidang sik bebas berkeliaran, kidange jinak. Papane sejuk, asri, katon resik. Aku sakanca lungguh wonten papan ngisor wit, poto-poto, jajan, leren. Sakwise leren lan wis mari kesele lanjut neng papan wisata liyane. Amargi wis rakuat mlaku meneh akhire seka Taman Balekambang nuju stasiun genti numpak becak. “ ayo numpak becak wae, wis rakuat mlaku meneh aku, hehe. Mengko dinyang wae nek larang. “ kancaku omong. Akhire oleh bapak-bapak sing gelem , sak becak dinggo wong papat, pangku-pangkuan, mbayare selawe ewu.

Tekan stasiun Balapan isih awan, akhire aku sakanca golek papan wisata liyane,” mosok yahene mulih, mbok sisanke nendi ngono, mumpung neng Solo iki lho” jare kancaku. Akhire aku sakanca nuju Kraton Solo, gelem ra gelem kudu numpak becak wong adoh. Nek numpak bis ndak diubeng-ubengke dhisik. Tekan kraton kira-kira jam 2, nanging pas wis entek jam kunjunge. Dadi aku sakanca namung sedhilit mlebu kraton menika. Baline mlaku mubeng-mubeng dhisik neng pasar klewer, paragon. Ananging namung ndelok-ndelok boten tumbas. Sakwise jeleh langsung bali nuju Stasiun Balapan numpak becak meneh. Tekan stasiun kira-kira jam  setengah 5.

Langsung nuju loket tumbas tiket, untunge oleh sik jam 5, dadi ora nunggu suwe. Neng ndalan nuju stasiun lempuyangan pas maghrib, wis padha kesel, dadi namung padha merem. Ngerti ngerti tekan lempuyangan. Senajan kesel nanging seneng. Kuwi mau pengalamanku tekan Solo kang pisanan, lan pengalaman numpak sepur kang pisanan ugi. Rasane ra bakal tak lalekke kabeh kuwi, seneng banget pokoke.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar