Menyang Sala Numpak Sepur
Pas
dina Setu awan aku diparani kancaku, wonge
omong nek sesuk Minggu arep dolan. Wonge ngajak aku, jarene arep menyang Sala. Wonge
le ngajak ndadak, dadine aku durung ngeyohi.
“
Sik ya, tak mikir-mikir dhisik , masalahe dhuwite barang je “
“
Alah, ayo ta.. pisan-pisan metu Jogja, Lis “.
“
Iya sih, ya mengko njajal tak nembung bapak dhisik ya , lha sapa wae sik melu? “.
“
Ya cah-cah sik biasane kae, cah papat “.
“
Oalah yaa.. mengko tak kabari meneh, lha arep numpak apa?”
“
Sepur wae, murah kok gur wolung ewu “.
“
Wehh, iya pa, gene murah tak kira larang je “ aku kaget.
“
Murah lah, ya wis aku yak bali dhisik mengko bbm aku wae ya “, kancaku banjur mulih.
Wonge
banjur mulih.. Sakjane aku isih bingung le nembung karo bapak. Alon-alon aku
nembung. Aku ditakoni karo sapa wae le dolan, terus motore kepiye. Aku njawab
nek aku lunga karo kanca-kanca SD ku cah papat. Pisananane aku ra diijinke,
bola-bali nembung akhire aku diolehke, sarate aku kudu diampiri.
Akhire
isuk isuk Minggu, 31 Januari 2016, aku diampiri kanca-kancaku. Mangkat seka
ngomah jam 6 nuju Stasiun Lempuyangan. Tekan kana kira-kira jam pitu kurang.
Aku sakanca langsung nuju tumbas tiket. Golek sik jam e paling cerak ora usah nunggu. Akhire
oleh sik jam 9. Gelem ra gelem akhire aku nunggu tekan jam semono. Sepure sepur
prameks sik murah yaiku namung wolung
ewu.
“
Wah piye iki anane sik jam 9 je, sik jam 7 lagi wae mangkat, ora papa ya ?”
“
Yaa piye meneh, alah ora ngapa-ngapa, mengko tinggal omong-omongan rak
ngerti-ngerti jam 9 “, aku mangsuli.
Akhire
wektu kang ditunggu-tunggu teka. Aku sakanca langsung mlebu sepur jurusan
Jogja-Sala. Golek papan sing penak langsung thenguk. Aku sakanca seneng rasane,
merga lagi pisan kui ngrasakke numpak sepur, aku ndelok pemandangan seka
cendhela, poto-poto, nyanyi-nyanyi, ngobrol. Pas lagi ngobrol ana ibuk-ibuk
sing ora oleh thengukan. Banjur kancaku geser supaya ibuk-ibuk mau isa thenguk.
“ Sumangga Buk, lengah mriki “. “ Oo nggih, nuwun Ndhuk “ Ibuke mau sopan,
gapyak, sumeh, turut ndalan aku sakanca padha guneman karo ibuk-ibuk mau.
Ananging ora suwe amarga ibuke mau medhun neng Stasiun Purwosari, udu Balapan.
“
Wis ya Ndhuk,nuwun sedurunge, aku arep medhun Purwosari, mugi-mugi saged kepangih
malih liya wektu”, ibuke mau pamitan.
“
Inggih ibuk, sami-sami, mugi-mugi saged kepanggih liya wektu”, aku sakanca mangsuli.
Banjur aku sakanca salaman kari ibuk-ibuk mau. Sepure mandheg ngedhunke
penumpang sing medhun neng Stasiun Purwosari. Banjur lanjut mlaku meneh nuju Stasiun
Balapan.
Kurang
luwih jam 10 aku sakanca tekan Stasiun Balapan . Langsung medhun seka sepur, bingung.
Ameh neng ngendi. Merga mau ora diplanning
papan tujuan sing arep ditekani. Sakliyane kuwi dhuwit sangune padha terbatas. “ Alah ayo dipikir karo mlaku, sing penting
yakin, haha “, kui prinsipe kanca-kancaku.
Ya uwis aku ngetutke wae. Banjur mlaku metu stasiun. Arep numpak bis jarene kok
larang, numpak becak ya larang. Akhire takon karo bapak-bapak tukang becak
papan wisata sing terkenal neng Sala ngendi wae. Bapak mau menehi pilihan
papan-papane, ana Taman Balekambang, Klewer, Paragon Kraton Solo, lan akeh papan
wisata liyane. Banjur aku sakanca milih sik cedhak sikek seka Stasiun Balapan
yaiku Taman Balekambang, kira-kira 2,5 km aku sakanca mlaku. Modal GPS nuju Taman Balekambang. Neng ndalan
alon-alon, nek kira-kira kesel ya padha leren dhisik. Karo nyanyi-nyanyi ora
jelas, panas-panas, adoh, ananging padha semangat kabeh. Rapapa, kena dinggo
pengalaman, jare kanca-kancaku.
Tekan
taman Balekambang kira-kira jam 11. Neng kana wujude taman, akeh sik dodol, won
ana kidang sik bebas berkeliaran, kidange jinak. Papane sejuk, asri, katon
resik. Aku sakanca lungguh ana papan ngisor wit, poto-poto, jajan, leren. Tuku
tahu karo es teh, le tuku nganggo dhuwit bareng-bareng, urunan. Sakwise leren
lan wis mari kesele lanjut neng papan wisata liyane. Amarga wis rakuat mlaku
meneh akhire seka Taman Balekambang nuju stasiun genti numpak becak. “ Ayo numpak
becak wae, wis rakuat mlaku meneh aku, hehe. Mengko dinyang wae nek larang. “
kancaku omong. Akhire oleh bapak-bapak sing gelem , sak becak dinggo wong
papat, pangku-pangkuan, mbayare selawe ewu. Turut dalan ya mik ngguya-ngguyu
ngampet keju kae. Lha sak becak je dinggo wong papat.
Tekan
stasiun Balapan isih awan, akhire aku sakanca golek papan wisata liyane,” Mosok
yahmene mulih, mbok sisanke nendi ngono, mumpung neng Sala iki lho” jare
kancaku. Akhire aku sakanca nuju Kraton Solo, gelem ra gelem kudu numpak becak
wong papane adoh. Nek numpak bis mundhak gur diubeng-ubengke dhisik. Tekan
kraton kira-kira jam 2, nanging pas wis entek jam kunjunge. Dadi aku sakanca
namung sedhilit mlebu kraton. Sakwise kuwi baline mlaku mubeng-mubeng dhisik
neng Pasar Klewer karo paragon sing sejalur. Ananging namung ndelok-ndelok ora
tumbas. Sakwise jeleh langsung bali nuju Stasiun Balapan numpak becak meneh.
Tekan stasiun kira-kira jam setengah 5.Langsung
nuju loket tumbas tiket, untunge oleh sik jam 5, dadi ora nunggu suwe. Neng
ndalan nuju stasiun lempuyangan pas maghrib, wis padha kesel, dadi namung padha
merem. Ngerti ngerti tekan lempuyangan. Senajan kesel nanging seneng. Kuwi mau
pengalamanku tekan Solo kang pisanan, lan pengalaman numpak sepur kang pisanan
uga. Rasane ra bakal tak lalekke kabeh kuwi, seneng banget pokoke. “ Sesuk
kapan-kapan meneh yaa, nendi genti ngono, ning nglumpukke dhuwit dhisik,
direncana sing mateng, ndhak mik kaya mau, radhong kabeh wkwk “, kancaku
ngandhani karo ngguya-ngguyu kae. Banjur aku mangsuli, “ lhaiya kowe kuwi
barang, oke sesuk lahh gampang sing penting yakin “. Kabeh padha ngguyu.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar